Saturday, August 1, 2015

Layang Djoyoboyo Halaman 56

Wedjangan marang sabdhoning Gusti. Kanggo nglebor marang kesalahaning Ingsoen.
--------------------------------------------------------
Gusti engkang moho pangaksumo.3x Engkang kuwoso pareng kasempurnan, marang udjuting Ingsoen, kang moho sutji. Gusti engkang moho mreksani.3x Ingsoen nglebur marang kesalahaning Ingsoen. Ugo marang dusaning Ingsoen, kang tansah anggawe sengsaraning kahuripaning Ingsoen, rino klawan wengi. Gusti engkang moho pangaksumo. Pandjenengan sirnakake bebayan kahuripanipon Ingsoen. Supados kahuripan Ingsoen meniko, saget sempurno. Amergi kuwasanipon pandjenengan, kagem sak lawase. Gusti engkang welas asih, lan moho witjaksono.3x Pandjenengan djagi kahuripan kawulo meniko. Supados kawulo saget mlampah slamet, wonten ing dalanipon pandjenengan, kagem sak lawasipon. Duh, Gusti, engkang moho kuwoso. Among dumateng pandjenengan, kawulo pasrahaken gesang lan sedoh kawulo. Sangkeng gudanipon setan engkang tjeloko. Moho kuwoso Gusti, kawulo atoraken dumateng pandjenengan. Engkang pareng kasempurnan dumateng kahuripanipon Ingsoen, wonten ing bumi mulyo meniko, ugi ing bumi sentoso mangkenipon.


Wedjangan marang sabdhoning Gusti, kanggoning Ingsoen. Mahos dungo pangaksumo, yen Ingsoen durong biso nglakokake sesadjen, utowo Ingsoen lagi ono ing paran.
----------------------------------------------------
Gusti engkang welas asih, lan moho pangaksumo. Sirnakake bebayan, kang ono ing raganing Ingsoen. Ugo sirnakake kabeh kesalahaning Ingsoen, marang sedulor Ingsoen kang papat. Slamet sangkeng kuwasanipon pandjenengan Gusti, ugi slamet dumateng kahananipon Ingsoen, engkang sedjati, kagem sak lawase.7x. Jo Gusti kang moho sutji. Jo Gusti kang moho pangaksumo. Jo Gusti kang moho sentoso. 33x.