Wednesday, September 9, 2015

Layang Djoyoboyo Halaman 35

kang moho sutji. Gusti engkang welas asih lan moho kuwoso. Pandjenengan sirnakake bebayane rogo, sangkeng kuwoso pandjenengan ing dinten sak meniko. Slamet sentoso sangkeng kuwoso pandjenengan. ( dungo iki diwotjo, kapeng 3. bandjor. djasate diadusi nganggo kembang werno limo.)

( 2 )
Wedjangan marang dungane Gusti, kanggo mendem
djasate djalmo manungso kang uwes sedoh.
---------------------------------------------------
Gusti engkang welas asih lan moho witjaksono, engkang kuwoso wonten ing djagat meniko. Gusti engkang welas asih lan moho pangaksumo. Ing dinten sak meniko, kawulo nyaksekake dumateng udjuting rogo kang sampon pandjenengan pisahake deneng sukmo, bali sempurno marang kahananipon pandjenengan kang moho sentoso. Sedulor papat engkang manggen, wonten ing ngadjeng, ugi engkang manggen wonten ing wingkeng. Sarto engkang wonten, kiwo lan tengenipon rogo kang sampon kapisah deneng sukmo, bali sempurno ngiringi udjuting sukmo, wonten ing ngarso pandjenengan kagem sak lawase. Gusti engkang moho pangaksumo. Kawulo nyuwon, pangaksumo dumateng pandjenengan, ing dinten sak meniko. Kagem sukmo kang moho sutji kang kondor wonten ing ngarso pandjenengan kagem sak lawase. Pandjenengan paringi pangaksumo, ugi panggenan engkang sahe wonten ngarso pandjenengan. Paringono katentreman dumateng keluarginipon engkang dipon tinggalaken, engkang sak meniko taseh gesang. Supados piyambakipon meniko, saget mirengaken, menopo engkang dados panyuwon pandjenengan. Gusti engkang moho kuwoso, ugi pandjenengan engkang moho pangaksumo. Among pandjenengan panutanipon kawulo, kang mekso ukom kagem djalmo manungso, kondor wonten ing kahananipon pandjenengan kang moho sentoso. Moho kuwoso Gusti, engkang pareng sedantenipon: Nuwon.


35