Wednesday, September 9, 2015

Layang Djoyoboyo Halaman 37

Wedjangan dungo kanggoning Ingsoen, kang uwes sedoh.
Bali marang kahananing Gusti, kang moho sutji.
---------------------------------------------------------
Gusti engkang welas asih lan moho witjaksono. Gusti engkang welas asih lan moho pangaksumo. Gusti engkang welas lan moho sentoso. Ingsoen engkang sampon kondor wonten ing ngarso pandjenengan, ugi dumateng Ingsoen engkang taseh kagungan kalepatan dumateng pandjenengan. Ingsoen engkang tansah nglalekaken dumateng asal lan usolipon Ingsoen, ugi dumateng kadegdajanipon Ingsoen engkang sampon pandjenengan parengaken. Gusti engkang welas asih lan moho witjaksono wonten ing djagat meniko. Ingsoen nyuwon pangaksumo pandjenengan, kagem nebusi sengkalane Ingsoen engkang sampon kondor wonten ing bumi sentosanipon pandjenengan, supados sukmanipon Ingsoen meniko saget angsal panggenan engkang sahe ing ngarso pandjenengan. Ugi dumateng keluarginipon engkang taseh gesang mboten nandang kasengsaran amergi dusanipon Ingsoen. Ingsoen engkang tansah mbantah menopo engkang dados ngendikan pandjenengan, ugo dumateng sedulor Ingsoen engkang sekawan, engkang pandjenengan utos ndjagi Ingsoen wonten ing bumi mulyo wahunipon. Dothogoboso kodjodolohodjodo moho lothongojogojo, jo, dothogoboso kodjodolohodjodo njokomongpotho rosogokodhonohoto. Gusti engkang moho kuwoso, jo Gusti engkang perlu disembah rino lan wengi. Pandjenengan sirnakake sengkalane Ingsoen engkang sampon sedoh, supados mboten dados susahipon keturunane Ingsoen engkang sak meniko taseh gesang. Sirno bebayan sangkeng kuwoso pandjenengan Gusti, ugi sirno kesalahanipon Ingsoen, dumateng pandjenengan. Gusti engkang moho pangaksumo. 3x. Ingsoen sempurnakaken udjute Ingsoen kang moho sutji, kondor sempurno wonten ing ngarsonipon pandjenengan, sentoso kagem sak lawase, sangkeng kuwoso pandjenengan. Gusti engkang welas asih lan moho witjaksono, sembah nuwon sanget Ingsoen atoraken dumateng pandjenengan, engkang kuwoso pareng pangaksumo ugi ukuman dumateng djalmo manungso, engkang mboten mirengake menopo engkang dados ngendikan nipon pandjenengan, amergi djalmo manungso meniko kesupen dumateng pandjenengan. Bileh pandjenengan meniko engkang kuwoso, wonten ing djagat meniko, ugi engkang kuwoso pareng pangaksumo sarto ukuman, dumateng djalmo manungso engkang mboten, mirengake menopo dawohipon pandjenengan. Moho kuwoso Gusti, Ingsoen atoraken dumateng pandjenengan. Ing dinten sak muniko: Nuwon.


37