Wednesday, September 9, 2015

Layang Djoyoboyo Halaman 38

Wedjangan marang sabdhoning Gusti,
mahos dungo pangaksumo ono ing keramatan.
Kanggoning djalmo manungso kang uwes sedoh.
-----------------------------------------------------------
Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso wonten ing djagat meniko. 7x. Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso pareng pangaksumo wonten ing djagat meniko. 7x. Pandjenengan Gusti, engkang moho kuwoso pareng pangaksumo dumateng sukmanipon. ****** engkang sampon kondor wonten ing ngarsonipon pandjenengan. Paringono pangaksumo ugi panggenan engkang sahe kagem sukmo engkang moho sutji, engkang sampon kondor wonten ing ngarso pandjenengan. Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso mreksani menopo engkang dados kaperluanipon kawulo. Moho kuwoso Gusti, kawulo atoraken dumateng pandjenengan, engkang pareng pangaksumo.

Wedjangan marang sabdhoning Gusti, kanggone Ingsoen.
Diwotjo yen Ingsoen arep ados kramas.
-----------------------------------------------
Niat Ingsoen ados kramas, kanggo ngresikhi ragane Ingsoen soko, bebayan setan. Kang tansah nggudo kahuripane Ingsoen rino klawan wengi. Sirno bebayan kang ono ing ragane Ingsoen, ugo sirno sengkalane Ingsoen. Kang tansah nutupi tjahyoning Ingsoen kang moho sutji. Slamet marang kahuripane Ingsoen, soko kuwasane Gusti, kang mbalekake sengkolone rogo.

Wedjangan marang sabdhoning Gusti, kanggone Ingsoen.
Diwotjo yen Ingsoen arep nglakoni poso.
-------------------------------------------------
Niat Ingsoen poso kanggo ngresikhi isine rogo, amergo sengkalane Ingsoen kang tekane soko gudane setan. Slamet marang lakune posone Ingsoen, ugo slamet marang sak isine ragane Ingsoen. Soko kuwasane Gusti, kang moho waspodo.
38