Wednesday, September 9, 2015

Layang Djoyoboyo Halaman 36

Wedjangan marang sabdhoning Gusti mahos dungo.
Keslametan kanggo kaperluane kawulo.
-----------------------------------------------
Dothogoboso kodjodolohodjodo, ngokopohogo hogosoto.
Pohodjo dhojotojo ngosobowohologojodjojo. Dothogoboso
kodjodolohodjodo, ngokopohogo hogosoto. Pohodjo dhojotojo
nyoho djodohologothodhojo. 3x
Gusti engkang welas asih, lan moho witjaksono. Gusti engkang welas asih lan moho pangaksumo. Moho kuwoso Gusti, kawulo atoraken dumateng pandjenengan. Bileh ing dinten sak muniko, pandjenengan saget mreksani lan nyaksekaken, menopo engkang dados kaperluan kito sedoyo. Moho kuwoso Gusti, kawulo atoraken dumateng pandjenengan. Bileh ngantos sak muniko, pandjenengan tansah maringi redjeki. Lan keslametan dumateng kawulo sedoyo, ngantos sak muniko. Gusti engkang moho kuwoso. Engkang kawulo sembah rino klawan wengi. Pandjenengan djagi kahuripan kawulo sedoyo, engkang wonten ing mriki. Supados bebayan engkang tansah anggudo kawulo, rino klawan wengi, sageto sirno sangkeng kuwoso pandjenengan, kagem sak lawasipon. Gusti engkang welas asih lan moho kuwoso, wonten ing djagat muniko. Sembah nuwon sanget, kawulo atoraken dumateng pandjenengan ing dinten sak muniko. Pandjenengan tebehaken sedoyo bebayan, engkang katon ugi bebayan, engkang mboten katingal. Engkang tansah ndamel susahipon kahuripan kito sedoyo. Moho kuwoso Gusti kawulo atoraken dumateng pandjenengan, ugi dumateng Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo. Engkang pandjenengan utos ndjagi kahuripan kito sedoyo, wonten ing bumi mulyo muniko. Sembah nuwon kawulo atoraken dumateng pandjenengan, Gusti. Moho kuwoso kawulo atoraken dumateng pandjenengan: Nuwon.


36