Wednesday, September 9, 2015

Layang Djoyoboyo Halaman 33

ing mburi palawangan ngarep omah, ing wayah djam rolas mbengi: Gusti engkang welas asih, kang moho kuwoso pareng kasempurnane, Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo. Kang ndjogo ragane Ingsoen, rino klawan wengi.( diwotjo kapeng 7.)

( 1 )
Wedjangan marang dungane Gusti, kang disampekake
marang Hosoropolo, kanggone bongoso Djowo.
----------------------------------------------------------
Hosoropolo pareng dawoh: Siro bongoso Djowo, yen nduweni pendjalok marang Gusti. Utowo djalmo manungso kuwi nggawe susahing siro. Watjanen dungo iki sak okehe, pitong mbengi lawase ing wayah djam wolu mbengi. Siro bakal nerimo opo kang dadi, pendjalukhe siro: Gusti kang moho kuwoso, kang ngabulake kekarepane Ingsoen. Ugi pandjenengan Gusti, kang pareng menopo, kang Ingsoen suwon.

( 2 )
Wedjangan marang dungane Gusti, kang disampekake
marang Hosoropolo, kanggone bongoso Djowo.
----------------------------------------------------------
Hosoropolo pareng dawoh: Siro bongoso Djowo, yen nduweni anak kang pikirane rodo kethol, siro odjo bingong. Ndjukokho banyu sak gelas, lan dunganono bandjor diombekake. Anangeng yen botjah kuwi uwes biso motjo, kongkonen botjah kuwi motjo dungo iki, botjah kuwi bakal bali sempurno: Gusti engkang moho kuwoso wonten ing djagat meniko. Ugi pandjenengan Gusti, kang kuwoso nyirnakake bebayan, engkang manggen wonten ing raganipon, anak kawulo. Sirno bebayan sangkeng kuwoso pandjenengan.

( 3 )
Wedjangan marang dungane Gusti, kang disampekake
marang Hosoropolo, kanggone bongoso Djowo.
---------------------------------------------------------
Hosoropolo pareng dawoh: Siro bongoso Djowo, yen siro nduweni panyuwon marang Gusti. Opo wahe kang siro suwon, Gusti bakal maringi, lan mirengake opo kang dadi panyuwune siro. Angger siro kuwi pertjoyo marang Gusti kang moho sutji, ugo kang moho witjaksono. Lan siro bakal diparingi umor kang pandjang yen siro, mahos dungo iki: Gusti kang moho sentoso, kang pareng, Ingsoen yuswo kang pandjang.


33

Layang Djoyoboyo Halaman 34

( 1 )
Wedjangan marang dungane Gusti, kang disampekake
marang Hodjorolo, kanggone bongoso Djowo.
--------------------------------------------------------
Hodjorolo pareng dawoh: Siro bongoso Djowo, yen ing kesusahan opo wahe. Siro odjo nduweni ati kang bingong, kanggo ngadepi, opo kang dadi, susahing siro. Watjanen dungo iki, lan nenuwon marang Gusti, bebayan kuwi bakal sirno: Gusti engkang welas asih, lan moho pangaksumo.

( 2 )
Wedjangan marang dungane Gusti, kang disampekake
marang Hodjorolo, kanggone bongoso Djowo.
--------------------------------------------------------
Hodjorolo pareng dawoh: Siro bongoso Djowo, yen djalmo manungso, nggawe olo marang siro. Siro ora perlu wedi, senadjan kuwi olone manungso, utowo olone setan. Mahoso dungo iki, bebayan opo wahe bakal bali marang uwong kang nggawe olone siro: Gusti kang moho kuwoso, ugi pandjenengan engkang nyempitake sedanten urusan engkang ndamel sengsarane Ingsoen.

( 3 )
Wedjangan marang dungane Gusti, kang disampekake
marang Djoborolo, kanggone bongoso Djowo.
-------------------------------------------------------
Hodjorolo pareng dawoh: Siro bongoso Djowo, yen kelangan opo wahe, siro odjo bingong. Watjanen dungo iki sak okehe, barang siro kang ilang bakal bali: Gusti kang moho sutji, ugi pandjenengan Gusti, kang mbalekake menopo kang Ingsoen suwon.

( 1 )
Wedjangan marang dungane Gusti, kanggo ngedusi
djalmo manungso kang uwes sedoh.
------------------------------------------
Gusti engkang welas asih lan moho witjaksono, engkang nyiptakake langet lan bumi, sarto isinipon. Ugi pandjenengan Gusti, engkang kuwoso pareng gesang lan sedoh, dumateng djalmo, manungso, engkang wonten ing djagat meniko. Gusti engkang moho kuwoso. Sangkeng ngarso pandjenengan, Ingsoen sutjekake rogo, engkang sampon pandjenengan pisah deneng sukmo. Kang bali wonten ing ngarsanipon pandjenengan, kagem


34

Layang Djoyoboyo Halaman 35

kang moho sutji. Gusti engkang welas asih lan moho kuwoso. Pandjenengan sirnakake bebayane rogo, sangkeng kuwoso pandjenengan ing dinten sak meniko. Slamet sentoso sangkeng kuwoso pandjenengan. ( dungo iki diwotjo, kapeng 3. bandjor. djasate diadusi nganggo kembang werno limo.)

( 2 )
Wedjangan marang dungane Gusti, kanggo mendem
djasate djalmo manungso kang uwes sedoh.
---------------------------------------------------
Gusti engkang welas asih lan moho witjaksono, engkang kuwoso wonten ing djagat meniko. Gusti engkang welas asih lan moho pangaksumo. Ing dinten sak meniko, kawulo nyaksekake dumateng udjuting rogo kang sampon pandjenengan pisahake deneng sukmo, bali sempurno marang kahananipon pandjenengan kang moho sentoso. Sedulor papat engkang manggen, wonten ing ngadjeng, ugi engkang manggen wonten ing wingkeng. Sarto engkang wonten, kiwo lan tengenipon rogo kang sampon kapisah deneng sukmo, bali sempurno ngiringi udjuting sukmo, wonten ing ngarso pandjenengan kagem sak lawase. Gusti engkang moho pangaksumo. Kawulo nyuwon, pangaksumo dumateng pandjenengan, ing dinten sak meniko. Kagem sukmo kang moho sutji kang kondor wonten ing ngarso pandjenengan kagem sak lawase. Pandjenengan paringi pangaksumo, ugi panggenan engkang sahe wonten ngarso pandjenengan. Paringono katentreman dumateng keluarginipon engkang dipon tinggalaken, engkang sak meniko taseh gesang. Supados piyambakipon meniko, saget mirengaken, menopo engkang dados panyuwon pandjenengan. Gusti engkang moho kuwoso, ugi pandjenengan engkang moho pangaksumo. Among pandjenengan panutanipon kawulo, kang mekso ukom kagem djalmo manungso, kondor wonten ing kahananipon pandjenengan kang moho sentoso. Moho kuwoso Gusti, engkang pareng sedantenipon: Nuwon.


35

Layang Djoyoboyo Halaman 36

Wedjangan marang sabdhoning Gusti mahos dungo.
Keslametan kanggo kaperluane kawulo.
-----------------------------------------------
Dothogoboso kodjodolohodjodo, ngokopohogo hogosoto.
Pohodjo dhojotojo ngosobowohologojodjojo. Dothogoboso
kodjodolohodjodo, ngokopohogo hogosoto. Pohodjo dhojotojo
nyoho djodohologothodhojo. 3x
Gusti engkang welas asih, lan moho witjaksono. Gusti engkang welas asih lan moho pangaksumo. Moho kuwoso Gusti, kawulo atoraken dumateng pandjenengan. Bileh ing dinten sak muniko, pandjenengan saget mreksani lan nyaksekaken, menopo engkang dados kaperluan kito sedoyo. Moho kuwoso Gusti, kawulo atoraken dumateng pandjenengan. Bileh ngantos sak muniko, pandjenengan tansah maringi redjeki. Lan keslametan dumateng kawulo sedoyo, ngantos sak muniko. Gusti engkang moho kuwoso. Engkang kawulo sembah rino klawan wengi. Pandjenengan djagi kahuripan kawulo sedoyo, engkang wonten ing mriki. Supados bebayan engkang tansah anggudo kawulo, rino klawan wengi, sageto sirno sangkeng kuwoso pandjenengan, kagem sak lawasipon. Gusti engkang welas asih lan moho kuwoso, wonten ing djagat muniko. Sembah nuwon sanget, kawulo atoraken dumateng pandjenengan ing dinten sak muniko. Pandjenengan tebehaken sedoyo bebayan, engkang katon ugi bebayan, engkang mboten katingal. Engkang tansah ndamel susahipon kahuripan kito sedoyo. Moho kuwoso Gusti kawulo atoraken dumateng pandjenengan, ugi dumateng Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo. Engkang pandjenengan utos ndjagi kahuripan kito sedoyo, wonten ing bumi mulyo muniko. Sembah nuwon kawulo atoraken dumateng pandjenengan, Gusti. Moho kuwoso kawulo atoraken dumateng pandjenengan: Nuwon.


36

Layang Djoyoboyo Halaman 37

Wedjangan dungo kanggoning Ingsoen, kang uwes sedoh.
Bali marang kahananing Gusti, kang moho sutji.
---------------------------------------------------------
Gusti engkang welas asih lan moho witjaksono. Gusti engkang welas asih lan moho pangaksumo. Gusti engkang welas lan moho sentoso. Ingsoen engkang sampon kondor wonten ing ngarso pandjenengan, ugi dumateng Ingsoen engkang taseh kagungan kalepatan dumateng pandjenengan. Ingsoen engkang tansah nglalekaken dumateng asal lan usolipon Ingsoen, ugi dumateng kadegdajanipon Ingsoen engkang sampon pandjenengan parengaken. Gusti engkang welas asih lan moho witjaksono wonten ing djagat meniko. Ingsoen nyuwon pangaksumo pandjenengan, kagem nebusi sengkalane Ingsoen engkang sampon kondor wonten ing bumi sentosanipon pandjenengan, supados sukmanipon Ingsoen meniko saget angsal panggenan engkang sahe ing ngarso pandjenengan. Ugi dumateng keluarginipon engkang taseh gesang mboten nandang kasengsaran amergi dusanipon Ingsoen. Ingsoen engkang tansah mbantah menopo engkang dados ngendikan pandjenengan, ugo dumateng sedulor Ingsoen engkang sekawan, engkang pandjenengan utos ndjagi Ingsoen wonten ing bumi mulyo wahunipon. Dothogoboso kodjodolohodjodo moho lothongojogojo, jo, dothogoboso kodjodolohodjodo njokomongpotho rosogokodhonohoto. Gusti engkang moho kuwoso, jo Gusti engkang perlu disembah rino lan wengi. Pandjenengan sirnakake sengkalane Ingsoen engkang sampon sedoh, supados mboten dados susahipon keturunane Ingsoen engkang sak meniko taseh gesang. Sirno bebayan sangkeng kuwoso pandjenengan Gusti, ugi sirno kesalahanipon Ingsoen, dumateng pandjenengan. Gusti engkang moho pangaksumo. 3x. Ingsoen sempurnakaken udjute Ingsoen kang moho sutji, kondor sempurno wonten ing ngarsonipon pandjenengan, sentoso kagem sak lawase, sangkeng kuwoso pandjenengan. Gusti engkang welas asih lan moho witjaksono, sembah nuwon sanget Ingsoen atoraken dumateng pandjenengan, engkang kuwoso pareng pangaksumo ugi ukuman dumateng djalmo manungso, engkang mboten mirengake menopo engkang dados ngendikan nipon pandjenengan, amergi djalmo manungso meniko kesupen dumateng pandjenengan. Bileh pandjenengan meniko engkang kuwoso, wonten ing djagat meniko, ugi engkang kuwoso pareng pangaksumo sarto ukuman, dumateng djalmo manungso engkang mboten, mirengake menopo dawohipon pandjenengan. Moho kuwoso Gusti, Ingsoen atoraken dumateng pandjenengan. Ing dinten sak muniko: Nuwon.


37