Wednesday, September 9, 2015

Layang Djoyoboyo Halaman 34

( 1 )
Wedjangan marang dungane Gusti, kang disampekake
marang Hodjorolo, kanggone bongoso Djowo.
--------------------------------------------------------
Hodjorolo pareng dawoh: Siro bongoso Djowo, yen ing kesusahan opo wahe. Siro odjo nduweni ati kang bingong, kanggo ngadepi, opo kang dadi, susahing siro. Watjanen dungo iki, lan nenuwon marang Gusti, bebayan kuwi bakal sirno: Gusti engkang welas asih, lan moho pangaksumo.

( 2 )
Wedjangan marang dungane Gusti, kang disampekake
marang Hodjorolo, kanggone bongoso Djowo.
--------------------------------------------------------
Hodjorolo pareng dawoh: Siro bongoso Djowo, yen djalmo manungso, nggawe olo marang siro. Siro ora perlu wedi, senadjan kuwi olone manungso, utowo olone setan. Mahoso dungo iki, bebayan opo wahe bakal bali marang uwong kang nggawe olone siro: Gusti kang moho kuwoso, ugi pandjenengan engkang nyempitake sedanten urusan engkang ndamel sengsarane Ingsoen.

( 3 )
Wedjangan marang dungane Gusti, kang disampekake
marang Djoborolo, kanggone bongoso Djowo.
-------------------------------------------------------
Hodjorolo pareng dawoh: Siro bongoso Djowo, yen kelangan opo wahe, siro odjo bingong. Watjanen dungo iki sak okehe, barang siro kang ilang bakal bali: Gusti kang moho sutji, ugi pandjenengan Gusti, kang mbalekake menopo kang Ingsoen suwon.

( 1 )
Wedjangan marang dungane Gusti, kanggo ngedusi
djalmo manungso kang uwes sedoh.
------------------------------------------
Gusti engkang welas asih lan moho witjaksono, engkang nyiptakake langet lan bumi, sarto isinipon. Ugi pandjenengan Gusti, engkang kuwoso pareng gesang lan sedoh, dumateng djalmo, manungso, engkang wonten ing djagat meniko. Gusti engkang moho kuwoso. Sangkeng ngarso pandjenengan, Ingsoen sutjekake rogo, engkang sampon pandjenengan pisah deneng sukmo. Kang bali wonten ing ngarsanipon pandjenengan, kagem


34