Saturday, August 1, 2015

Layang Djoyoboyo Halaman 46

Wedjangan kanggo mangerteni marang dununge tanggal 1 hosoro, kanggoning bongoso Djowo. Kang iseh durong mangerteni marang sumpahing Mokoholo, kang diutos Gusti.

-------------------------------------------------
Poro bopo soho ibu, sarto sederek sekalian engkang minulyo. Sembah nuwon sanget kawulo atorake dumateng Gusti, engkang moho kuwoso. Bileh ing dinten sak muniko, kito sedoyo saget numindakaken. Menopo engkang Gusti, sampon atoraken dumateng bongoso Djowo. Engkang sampon kaserat wonten ing layang Djojobojo, miturot ukomipon Mokoholo, engkang sampon kaserat wonten ing bab: 17. Puniko sumpahing Gusti, kagem bongoso Djowo. Engkang dipon sampekaken Gusti, dumateng Mokoholo. Ugi engkang dipon sebot hosoro muniko: artinipon dinten pangleburing duso, miturot bohoso ngawi gaib. engkang dipon ngendikakaken Gusti, dumateng Mokoholo. Supados bongoso Djowo, engkang taseh mangertos dumateng mungguhing dinten hosoro muniko. Sageto nyuwon pangaksumo dumateng Gusti, engkang moho kuwoso. Ngagem bohoso ngawi. engkang sampon kaserat wonten ukomipon Mokoholo, bab: 10. Awet muniko, kito bongoso Djowo, engkang taseh mangertos, dumateng sumpahing Gusti, engkang dipon ngendikakaken Gusti, dumateng Mokoholo. Sumonggo kito sekalian nglebor duso kito, dumateng Gusti engkang moho pangaksumo mungguhing bongoso Djowo. Supados kito sekalian, saget mlampah slamet sangkeng kuwasanipon Gusti, wonten ing bumi mulyo muniko. Ugi wonten ing bumi sentosanipon Gusti, mangkenipon. Awet muniko, sumonggo kito sedoyo ngatoraken sembah nuwon dumateng Gusti. Supados menopo engkang kito suwon, sageto dados kasunyatan. Amergi witjaksonoipon Gusti engkang moho kuwoso. Dungo: Gusti engkang moho sutji, engkang kawulo sembah rino klawan wengi. Ugi pandjenengan Gusti, engkang moho pangaksumo. Nebusi dusanipon kawulo bongoso Djowo. Engkang taseh mirengaken menopo dawohipon pandjenengan. Moho kuwoso Gusti, kawulo atoraken dumateng pandjenengan, engkang moho basuki: Nuwon.