Friday, July 31, 2015

Layang Djoyoboyo Halaman 65

Layang Djoyoboyo Halaman 65

< Hosoropolo: 22 > Ora ono sidjiho pangomongan kang bener, soko djalmo manungso kang ono ing djagat iki. Kedjobo pangomongane Djoborolo kang dadi utusaning Gusti. Gusti engkang moho mreksani, engkang sedjatosipon sumpah pandjenengan meniko, sampon katules wonten ing Kitab Djojobojo. < Hosoropolo: 23 > Gusti engkang welas asih, lan moho witjaksono. Djalmo opo wahe, kang ono ing djagat iki. Kang katon utowo kang ora katon tansah tundok marang Gusti, kang moho kuwoso. < Hosoropolo: 24 > Bongoso djowo sedjatine uwes mangerteni marang kuwasane Gusti. Kang ngutos Mokoholo, nggowo warto kanggone bongoso Djowo. Anangeng bongoso Djowo, malah ninggalake Gusti. Ugo lali marang wekasanku. < Hosoropolo: 25 > Bongoso Djowo ditjiptakake Gusti, soko lemah, geni, banyu, lan angin, bandjor teko udjute bongoso Djowo, kang moho sutji, ono ing bumi mulyo. Awet bongoso Djowo, bongoso kang wiwitan, kang teko nggowo kuwasaning Gusti. < Hosoropolo: 26 > Anangeng bongoso Djowo ora tahu mangerteni, marang peparingane Gusti, kang uwes kathoto ono ing layang Djojobojo. < Hosoropolo: 27 > Gusti engkang moho kuwoso. Yen Gusti mreksani marang kahuripane bongoso Djowo. Gusti tansah nelongso. < Hosoropolo: 28 > Bongoso djowo, uwes nduweni pendjalok dewe, marang kahuripane. Sak untoro kuwi dudnu ukume Gusti, kanggone bongoso Djowo. Gusti engkang moho kuwoso, lan moho witjaksono. Pandjenengan djagi kahuripan kawulo, rino klawan wengi, sangkeng bebayan setan engkang tjeloko. < Hosoropolo: 29 > Gusti engkang nyaksekake dumateng kasengsarane kahuripanipon bongoso Djowo. Lan bongoso Djowo kang uwes biso nyebot asmone Gusti, kudu biso ninggalake barang kang tjeloko, kang manggon ono ing uripe. < Hosoropolo: 30> Duh Gusti. Ora ono pangomongan kang kasep, kanggone siro bongoso Djowo, kanggone nenuwon marang Gusti. Gusti kang pareng pangaksumo. Bongoso djowo lahir udho tanpo opo - opo, kedjobo nggowo kuwasane Gusti kang papat. Anangeng bongoso Djowo, tansah nggawe olo marang ukumane Gusti.