Friday, July 31, 2015

Layang Djoyoboyo Halaman 64

Layang Djoyoboyo Halaman 64

< Mokoholo: 12 > Wekasan kang uwes tak omongake marang Djoborolo, kang nules ukume bongoso Djowo, ono ing layang Djojobojo. Supoyo bongoso Djowo biso melu marang dalane Gusti. Lan nyebut: moho kuwoso Gusti, engkang pareng sedantenipon, dumateng kahuripan kawulo. < Mokoholo: 13 > Gusti engkang moho kuwoso. Engkang pareng kasempurnan dumateng udjuting kawulo bongoso Djowo. < Mokoholo: 14 > Gusti engkang moho kuwoso. Tjahyonipon rino pandjenengan sampon sirno. Bali dumateng udjutipon wengi sangkeng kuwoso pandjenengan. Slametake kawulo ing dalu meniko, sirnakake bebayan engkang tansah anggudo kawulo. Slamet sangkeng kuwoso pandjenengan. < Mokoholo: 15 > Gusti engkang welas asih, lan moho witjaksono. Kawulo nyebot asmonipon pandjenengan, engkang tansah ngabulake. Menopo engkang dados panyuwon kawulo. < Mokoholo: 16 > Gusti engkang moho sutji, ugi pandjenengan engkang moho kuwoso. Pareng gesang lan sedohnipon kawulo. Kawulo sumpah dumateng Djoborolo, engkang dados utusanipon pandjenengan, engkang pareng warto dumateng bongoso Djowo. < Mokoholo: 17 > Moho kuwoso Gusti, engkang nyiptakake langet lan bumi sarto isinipon. Ugi pandjenengan engkang moho kuwoso, maringi kahuripan dumateng kawulo. < Mokoholo: 18 > Gusti engkang moho kuwoso. Sampon pandjenengan wedalaken sikso pandjenengan, dumateng kawulo bongoso Djowo. Kawulo engkang tansah kagungan pangelingan dumateng sumpahipon, Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo, sampon pandjenengan tilar kahuripan kawulo. < Mokoholo: 19 > Gusti engkang pareng witjaksono, engkang tansah maringi warto engkang sahe, dumateng kawulo bongoso Djowo. < Mokoholo: 20 > Gusti engkang kagungan witjaksono, engkang ageng. Engkang pandjenengan parengaken dumateng kawulo bongoso Djowo, engkang mangertos dumateng kuwasanipon pandjenengan. < Hosoropolo: 21 > pangomongan engkang dipon parengaken Gusti, dumateng bongoso Djowo, engkang dereng mangertos dumateng kuwasanipon Gusti. Bongoso djowo engkang tansah mbantah dumateng kuwasanipon Gusti, bakal keno siksane Gusti.