Saturday, August 1, 2015

Layang Djoyoboyo Halaman 40

Wedjangan kanggo nggunakake dungo, kanggo wong wadon. Kang mbobot pitong sasi. Kang perlu diadusi. Nganggo kembang werno pitu.

-------------------------------------------------
Gusti engkang welas asih, lan moho witjaksono. Gusti engkang welas asih lan moho kuwoso. Moho kuwoso Gusti, kawulo atoraken dumateng pandjenengan, ing dinten sak muniko. Bileh udjuting djabang bayi, engkang taseh manggen wonten ing bumi sutjinipon ibu muniko. Sampon sempurno, amergi kuwoso pandjenengan. Sirno bebayan, engkang manggen wonten ing raganipon bopo lan ibuning djabang bayi. Ugi dumateng djabang bayi engkang taseh sutji. Sirno bebayan. Sirno bebayan. Sirno bebayan. Soko sengkalane setan kang olo. Slamet sempurno marang udjuting djabang bayi. Sangkeng kuwoso pandjenengan Gusti, kagem sak lawase.


Wedjangan marang sabdhoning Gusti, mahos dungo. Kanggo ngusir sengkalaning djalmo manungso, kang perlu diadusi. Nganggo kembang miturot neptu dino lan pasarane kelahiran.

-------------------------------------------------------------------------
Gusti engkang welas asih, lan moho witjaksono. Engkang nyiptakake langet lan bumi sarto isinipon. Ugi pandjenengan Gusti, engkang moho kuwoso wonten ing djagat meniko. Moho kuwoso Gusti, kawulo atoraken dumateng pandjenengan. Engkang pareng pangaksumo dumateng djalmo manungso engkang kagungan sambikolo.
Sengkolo kang teko soko kidol, baliho mangidol.
Sengkolo kang teko soko lor, baliho mangalor.
Sengkolo kang teko soko kulon, baliho mangulon.
Sengkolo kang teko soko wetan, baliho mangetan.
Sengkolo kang teko soko ngisor, bali sempurno, ambles tengahing bumi. Sengkolo kang teko soko nduwor, bali sempurno manduwor, kang nembusi awang-awange Gusti, kang moho sutji, ugo kang moho sentoso. Nyuwon pangestu slamet Gusti, nyuwon sentoso slamet dumateng pandjenengan. Ugi dumateng raganipon. ****** (disebut djenenge kang diadusi.) kagem sak lawase sangkeng kuwoso pandjenengan.