Friday, July 31, 2015

Layang Djoyoboyo Halaman 69

Wedjanganing dungo, kanggo sumpah marang tjahyo kang moho sutji. Marang Gusti


Djoborolo: 1. Gusti engkang welas asih, lan moho witjaksono. Engkang nyiptakake langet lan bumi sarto isinipon. Djoborolo: 13. Duh Gusti. Dalem sumpah dumateng tjahyonipon roso, engkang moho sutji. Engkang djumeneng wonten ing rogo kawulo. Engkang tansah tinunggu deneng: Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo. Engkang dados utusan pandjenengan, ndjagi kahuripan kawulo, rino klawan wengi. Hodjorolo: 11. Gusti engkang moho mreksani. Dalem sumpah dumateng pandjenengan. Engkang pareng tjahyo, kahuripan, wonten ing lebetipon roso. Tan keno kawulo regetake. Djoborolo: 15 Gusti engkang moho kuwoso, wonten ing djagat meniko. Djalmo manungso sopo wahe kang tumindhak olo, marang wedjanganing Gusti. Bakal keno sekso, kang ora ono pangaksumone. Moho kuwoso Gusti, engkang pareng sedantenipon, dumateng kawulo.